Kuburan
Punden
Nang Kab. Jember, ana salah sawiji
deso kang jenenge Bagorejo. Deso iki ana neng pesisir segoro kidul kang wus
kondang kalian cerito Kenjeng Ratu Kidul. Ananging, cerito iki ora ana
hugungane karo cerito Kanjeng Ratu Kidul, cerito iki nyeritake kuburan sing ana nang desoku
Bagorejo. Kuburan iki jenenge kuburan punden, kuburan sing wis ana suwi sak
durunge jaman penjajahan.
Kuburan iki nyimpen akeh cerito
mistis kang dialami kalian warga masyarakat sekitar. Akeh kang wis dipetuki
karo penghuni-penghuni sing ono nag kuburan punden. Gak jarang pisan, ono seng
dijaili lan digawe dolanan karo makhluk alus sing nungguk nang kuburan punden.
Contone, disek ana arek-arek cilik
seng dolan sampek wektu surup, bocah-bocah iki digowo karo salah sijine
penungguk nang kuburan punden. Lapangan iku rodo jembar, lan amergo akeh wet
gede, dadi ora kesentrong panase serngenge pas waktu awan. Lapangan iku sering
digae dulinan bal-balan karo bocah-bocah cilik. Tapi pas waktu meh surup,
bocah-bocah iku gage-gage bali amergo keweden karo kuburan punden.
Pas waktu iku bocah-bocah sing ilang
mau koyo dilenakne ben ora dang bali nang omahe dewe-dewe. Bocah-bocah mau iseh
dolanan sampek bar magrib. Nah poro wong tua ne bocah-bocah mau bingung amergo
anake durung podo bali, akhire poro wong tuwo bocah-bocah mau cobo tekn nang
konco-koncone anake. Akhire kabeh warga deso dadi gempar amergo kedaden iku,
kabeh podo goleki bocah-bocah seng ilang.
Sakdurunge surop, ana warga seng
delok bocah-bocah seng ilang lagi dolanan nang lapangan sanding kuburan punden.
Akhire poro warga cobo goleki nang sekitar lapangan sanding kuburan punden.
Sakwise digoleki muter-muter, bocah-bocah iku ora ketemu, sampek gawe warga
deso mumet dewe amergo ora biso nemokake bocah-bocah mau. Sak teruse, wong
tuane bocah-bocah lan poro warga mau marani Mbah Kuspangat, salah siji tetua
nang deso ku.
Jere Mbah Kus, bocah-bocah kuwi
didelekne karo wewegombel, salah siji penunggu nang kuburan punden. Langsung,
poro wong tua, di barengi Mbah lan warga deso Kus budal nang kuburan punden
gawe goleki bocah-bocah seng didelekne karo wewegombel iku. Poro warga gowo
kentongan lan alat-alat liane gawe tetabuhan supoyo wewegombele wedi lan
balekne bocah-bocah mau.
Awale ora ono hasile, bocah-bocah
mau tetep ora ketemu masio warga wis nabuh kentongan lan alat-alat lian. Terus
Mbah Kus, ngongkon poro warga meneng sediluk, Mbah Kus lunguh silo karo
sendakep, madep nang kuburan punden. Ora suwi, bocah-bocah seng ilang mau,
muncul soko burine wit asem gede siseh tengen kuburan punden. Bocah-bocah iku
koyo linglung, koyo-koyo mari digendam, dadi kesadarane durung balik utuh.
Sampek nang omah, salah sijine bocah
seng ilang mau cerito, lek digowo karo wong wedok, seng susne gede. Nang kono
deke diwenehi akeh jajanan seng ora tau dipangan bocah-bocah mau. Terus,
moro-moro bocah seng cerito mau mutah, uatah-utahane duduk sego, utowo panganan
seng dipangan mau. Utah-utahane rupo batang tikus, karo taine menungso seng
ambune badek. Kedaden seng podo dialami karo bocah-bocah lio sak barenge seng
digowo karo wewegombel iku mau.
Sakwise kedaden iku ora ana maneh
bocah-bocah seng wani dulinan nang lapangan pinggir kuburan punden, opo meneh
waktu surup. Kabeh podo wedi kedaden seng podo bakal ngapiri marang deke. Poro
wong tuo yo nguwanti-wanti anak-anake, supoyo ora metu wayah surup, amergo wedi
dicolong wewegombel.
Wis akeh kedaden aneh seng dadi nang
kuburan punden sakdurunge lan sak wise kedaden bocah-bocah ileng iku. Contone
pallek ku dewe waktu lewat kuburan iku waktu meleh soko kerjo. Paklek ku
dinunuti karo wong wedok gae kalmbi putih sang rambute dowo sak lemah. Terus
enek wong seng pernah dipetuki bocah-bocah cilik edas plontos pas lewat nang
ngarep kuburan punden. Ana maneh Kang Ran tukan bakso, deweke dipetuki karo gondoruwo
seng duwure sak wit kelopo. Tapi anehe mari deipetuki karo gondoruwo, sesuke
baksone Kang Ran laris diborong karo wong.
Kabeh kedaden mau tetep nang sektar
panggonane kuburan punden. Kuburan punden tetep nyimpen misteri saking penunguk
alam gaib seng ana nang kunu. Akeh penunguk-penunguk seng ana nang keburan
punden durung ngetokke wijude. Tapi kuburan punden tetap dadi panggonan seng
anker lang kramat kanggo masyarakat nang deso ku. Amergo iku, ora ono seng wani
nyedeki kuburan punden masio wong iku duwe ngelmu.
Malang,
6 Januari 2020
0 Komentar